MALANG – Jenenge urip nang jaman saiki, opo-opo wis serba digital. HP-ne dewe iki wis koyok dompet karo omah dewe, isine foto-foto kenangan, tabungan nggo sekolah anak, sampe privasi sing kudu dijogo tenanan. Masalahe, saiki akeh "tangan jahil" sing pengen ngerusak ketenangan warga Ngalam.
Dewe mancep pesen teko ati, mbelani keamanan siber iku dudu mek soal komputer, tapi soal njogo seduluran lan ketenangan keluarga.
Lapo Sih Kok Password Tok Gak Cukup?
Mek nggawe password tok iku koyok masang gembok nang pager, tapi kuncine ditaruh nang ngisor keset. Gampang banget ditebak karo wong sing niyat olo. Nek passwordmu wis kebobolan, kabeh isi "omah digitalmu" iso dikuras entek.
Solusine: Pasang MFA (Security Lapis Loro)
MFA iku opo? Gampange ngene, Lur: sakliyane nggawe password (sing dewe weruh), dewe kudu nambah siji maneh bukti (sing dewe cekel), misale kode sing dikirim lewat SMS utawa aplikasi khusus.
Manfaate nggo Njenengan:
- Aman Pol: Masio hacker weruh passwordmu, deweke gak iso mlebu mergo gak duwe kode rahasia sing mancep nang HP-mu.
- Langsung Weruh: Nek ono wong nyoba mlebu akunmu, HP-mu bakal muni "Tetet!", dadi awak dewe iso langsung waspada.
- Njagani Jeneng Apik: Ojo sampe akunmu disalahgunakno wong nggo nipu konco utawa keluargamu dewe.
"Lur, nanem wektu 5 menit nggo ngaktifno MFA iku podo karo nanem ketenangan nggo masa ngarep. Keamanan siber iku tanggung jawabe dewe bareng-bareng." – Tim CSIRT Kabupaten Malang.
Ayo dulur, dadekno Kabupaten Malang mbois gak mek teko teknologine, tapi yo cerdas njogo hargadirine lewat keamanan digital. Nek ono opo-opo sing nyurigakno, ndang lapor nang csirt.malangkab.go.id.
Salam Satu Jiwa, Aman Selamanya! Tim CSIRT Kabupaten Malang